Diplongna (Let It Go versi Bahasa Tegal)


Salju moncer neng gunung          
Ra katon tapak maning
Dunya nyong kekucil
Tapi nyong ratune

Jiwa mbludak kaya ngamuke angin
Jero tak pendem, langit saksine

“Rahasia, Aja diumbar,
Kowen bisa diarepna wong tuwa
Bakat kuwe, aja dopeni”
Seki konangan

Diplongna! Diplongna!
Ra bakal nyong balik
Diplongna! Diplongna!
Mbalik yuh mbanting lawang

Mbuh nemen
Wong pan ngomong apa
Jiwa wis mbludak
Toh atis ra tau medheni nyong!

Apik kyeh sing kadohan
Dunya kathon cilik
Wedhi sing menjara nyong
Ra bakal ngurung maning

Kye waktune njajal awak
Njajal tekad nganti tuntas
Bener salah, pakarep enyong
Plong nemen…

Diplongna! Diplongna!
Jiwa, angin, langit, nyatu
Diplongna! Diplongna!
Ra bakal nyong kajogan

Neng kene  
Dunyane enyong
Jiwa wis mbludak!

Nembus angin bumi nyong mencar tenaga
Jiwa nyong muter-muter neng fraktal sing mbeku     
Tekade enyong wis atos kaya es
“Ra bakal nyong balik,
Biyen ya gemiyen”

Diplongna!Diplongna!
Urubna damare jiwa…
Diplongna! Diplongna!
Kye enyong sing anyar

Neng kene,
Neng moncere dina
Jiwa wis mbludak
Toh atis ra tau medheni Nyong!


Lirik asli by Idina Menzel
Let It Go – OST Frozen


Jebule angel ya basa tegal. Nyong nerjemahnane langsung seka basa inggris, nyoba ora ngubah makna lagu, trus jumlah ketukan iramane tak pas-pasna karo inggrise, ben bisa ditembangna. Nggo batir-batir Tegal, dang dirasa terjemahane enyong esih wagu jigu, tulung dibenerna.